Jangan Di Klik Link Dibawah

Home » » PANYANDRA UPACARA PANGGIGIHING TEMANTEN

PANYANDRA UPACARA PANGGIGIHING TEMANTEN


            Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawing papesthen,ing madyaning wisma pawiwahan ing siang/dalu punika,wonten titah ing Gusti arupi jalu pawestri,bangkit manunggalakaen karsa arsa ngancing ing alaming bebrayan,hanetepi upacara adat widhiwidaana ingkang sampun sinengker,ingggih punika upacara panggih , hameng ku werdi Pangudi Gambuhing Panggalih.
            Lon-lonan tidakira sri penganten kekalih ,gya samya apagut tingal,tempuking catur netra mahanani manunggaling karsa ,ginugah rasane ,among kang cinipta,antuka bagya mulya ing donya tekeng delahan.
            Saya caket tindakira sri penganten kekalih,nulya kumlawe astane penganten putri hambalang gantalan mring penganten kakung.ingkang winastan  gondhang kasih.samanten ugi  penganten kakung gumanti hambalang gantalan gondang tutur ,dhumateng gegunu ing selebetipun isi jambe nem,tinangsulan benang lawe, Dene  wermah kurepe ,dinulu seje wernane,ginigit tunggal rasane.
            Sangsaya caket lampahe sri penganten sarimbit,anyaketi kendhaga kencana isi tirta wening ,paweninganing kautaman katingal kambang –kambang kumambanging tri puspita warna;kanthil,melathi,serta mawar ,kanthil;kumanthiling katresnan penganten putrid,melathi awit saking  kedaling lathi sri penganten kakung ,Mawar arum mangambar gandane ing donya tekeng delehan.
            Para rawuh ,penganten sarimbit sampun tangkep asta,sigra anjengku sri penganten kakung amecah  hantiga,sigra winjikan  dining sri pengantin putrid,prathanda  tan ana kang pantes hangyomi,anenuntunhanganthi keblating panembah  mring gusti,kajawi sang binagus.
            Wus paripurna upacara panggih,sigra penganten kekalih jumeneng jajar sumandhing,siningepan sindur warna rekta lan seta dening ingkang ibu,asung pralampita putra temanten  sarimbit,tansah tinuntun ing  reh kautaman .wani marang bebener wedi marang kanisthan.temanten sarimbit tumunten binoyong lampahe,rinangkul kinempit-kempit dening ingkang ibu jengkar saking sasana panggih,tumuju mring palenggahanira kanthi sesanti jaya-jaya wijayanti.
            Laju lampahe kang pindha narendra,dupi wus prapteng hunggyaning kang sineya,inggih ing dhampar rinegga sigra lenggah jajar keket raket renggang gula kumepyur pulut,sumunar cahyaning,ilang sipating titah pindha dewaning asmara ngejawantah. 

 
DUNIA ILMU :Jendela Informasi Dunia
Copyright © 2014. DUNIA ILMU - All Rights Reserved